TEKS DRAMA BASA JAWA



Arek Nom Jaman Saiki
Pemeran :
1.       Romeo    : murid pindahan sing ngganteng dewe, saka Jakarta
2.       Joni         : ketua geng BONEK, seng paling di wedeni
3.       Jono        : sering disebut kembarane Joni, tingkahe lan raine mirip
4.       Adit         : murid sing senengane turu nang kelas
5.       Miko       : ketua OSIS, sekaligus bocah paling pinter dewe sak sekolahan
6.       Umar       : bocah meneng anak e pak ustad
7.       Pak Budi : guru olahraga seng paling keren dewe sak sekolahan
8.       Bu Tini    : guru matematika seng paling sabar
9.       Milea       : ratu gossip seng selalu up to date
10.   Ratna       : bocah seng seneng ane macak, endel e ra ukur
11.   Cinta        : bocah meneng seng ijek polos


Saiki wes jam 7 luweh 5, nang kelas 11 TKJ 2 koyok biasane ramene ngalah-ngalahno pasar gudo. Arek kelas iki terkenal karo kenakalane seng nggarai guru-guru podho geleng-geleng sirah. Jam kesiji iki pas wayahe Bu Tini, iki ketepak’an ono murid pindahan saka Jakarta. Bocah wedok-wedok podho sorak-sorak soale murid pindahan kuwi nggantenge koyok Caesar Hito utawa si Mondy.
Bu Tini                   : Assalamu’alaikum.. cah kelas kito badhe wonten murid anyar saka Jakarta, gek antengo sedilut wae koncomu seng ngganteng iki badhe kenalan lho. Monggo cah bagus !
Murid-murid      : Wa’alaikum salam Bu.. Enggeh bu…
Romeo                 : Halo rek, kenalno jenengku Romeo, aku pindahan saka Jakarta tapi aku asli wong Jowo. Mugo-mugo kowe kabeh seneng kekancan karo aku.
Murid wadon     : Wah Romeooo… ngganteng e (kabeh cah wadon nang kelas podho jejeritan sak kelas gara gara Romeo)
Ratna                    : Romeo iki aku Juliet mu.. (bengok Ratna seng nggawe murid sak kelas ricuh)
Joni                        : Juliet.. Juliet ndasmu, kae lho gincumu koyok Joker duduk Juliet
Ratna                    : Lho iyo ta ? (takok Ratna nang konco sebangkune)
Cinta                    : Hahaha.. iyo Rat, iku kecoret nang pipimu. Iku mau kecoret pas awakmu lagi ngguwasi Romeo mlebu kelas.
Milea                     : Heh Romeo wes tak dip ndisik i yo, ojo di tikung wah pencilakan.
Umar                     : Astagfirullah, rek ojo ngunu talah nggarai murid pindahan wedi ae karo awakmu kabeh
Miko                      : Lha iyo menurut hukum fisika tekanan = gaya, Romeo saiki kenek Tekanan gara-gara konco sak kelas e kakean Gaya kabeh. Wes saiki kabeh meneng oo .. ! (bentak ketua kelas seng nggawe sak kelas langsung sepaneng)
Bu Tini                   : Yowes Romeo lungguh o nang sanding e Adit. Adit ndang tangi Bu guru badhe nerangne Logaritma.
Adit                        : Hah.. 5 menit 5 menit. Iki ijek isuk mak e (di kiro mak e dhewe seng mbugah)
Bu Tini                   : Adittt.. ! nek gak tangi tak celokno Pak Budi loh ya, ben di kongkon muteri lapangan ping 10 koyok biyen maneh.
Adit                        : Oh enggeh.. enggeh Bu, pun mboten usah repot repot. Heh arek anyar rinio tak konco.
Romeo                 : Oh enggeh, monggo Bu (Romeo mesem lan nunduk banjur mlaku nang bangkune)
Joni                        : Heh Rom, awakmu gelem gak gabung nang geng ku ?Geng opo Jon ? (nyikut Jono seng ono nang sanding)
Jono                      : Geng Bonek,lek gelem engkok pas istirahat awak e tunggu nang lapangan, ayo tempur di jamin asik iki. Yo kan Jon? Toss (banjur Jono lan Joni tos tandane sak pemikiran)
Romeo                 : Sepurane aku gak wani melok geng-geng ngunu kae, wedi kenek hukumane guru.
Jono                      : Lhealah cupu lho, wes ora usah khawatir ora onok seng bakalan nyeneni utawa ngehukum geng Bonek iki.
Bu Tini                   : Jono Joni, ra usah mengaruhi murid pindahan melu geng Bonekmu iku, saiki wasien papan minggu ngarep onok ulangan kudu iso kabeh yo cah.. !
Murid-murid      : Enggeh bu… (kabeh murid anteng kabeh ngerungokno Bu Tini njelasne)
Kringgg… Kringggg….. (bel istirahat muni, kabeh murid podho mlayu metu saka kelas e dewe-dewe).

Milea                     : Hai Romeo, ayo nang kantin karo aku yo !
Romeo                 : Oh iyo, ayo ketepak’an wetengku wes luwe banget iki yoan
Miko                      : Lhoalah saiki gebetanmu wes enyar meneh ta? Biyen ae ngejak’i aku bareng nang kantin terus.
Milea                     : Owalah, ojo nesu talah Ko. Sepurane aku saiki luweh seneng karo Romeo, gara-gara awakmu gak tau peka karo aku. Ciyee cemburu ya ?
Miko                      : Eleh aku tambah seneng gak mok buntuti teros, wes ndang nang kantin kono aku tak nang perpus sek.
                Banjur Romeo lan Milea mlaku menyang kantin. Pas nang kantin Milea ketemu konco-koncone seng penggaweane gossip bareng.
Ratna                    : Eh.. eh temen ta seng jaremu ketemu Cinta nang Restaurant karo Om-Om
Milea                     : Iyo aku nguwasi dewe, Cinta dirangkul karo Om Om kuwi
Ratna                    : Lhoalah mosok se, arek muueneng e koyok Cinta iso ngunu?
Romeo                 : Mosok Cinta ngunu? Salah paham paleng awakmu!
Milea                     : Yo ayo di interogasi ae se arek e, setuju gak?
                (Konco-koncone ora onok seng njawab, mung podho mantuk-mantuk wae). Terus kabeh bocah kuwi mau mbalek nang kelas gawe nakoni Cinta.
Ratna                    : Eh Cinta awakmu simpenan yo?
Cinta                      : Hah simpenan..? Maksudmu awakmu kapene nyilang duwit simpenanku ta? Iki simpenanku tak gowo 50 ewu tok e, gak popo lek kapene mbok silang ndisek. Berarti totale dhuwitku seng mok silang ono 200 ewu yo.
Ratna                    : Whealah Cinta maksudku duduk simpenan seng kuwi, ojo di crita-critano talah pulih isin aku (nutupi raine karo kudung)
Milea                     : Kene ben aku ae seng ngomong! Awakmu dadi simpenane om om kan? Aku ngerti dewe nag ngarepe motoku awakmu dirangkul om om mlebu nang njero mobil.
Romeo                 : Emang e bener ta opo seng di omongno Milea kuwi mau Cin ?
Cinta                      : Lhealah awakmu iki podo salah paham karo aku. Iku critane aku mari les bareng Umar pas kapene mlebu mobil e Mas e Umar terus aku kesandung watu  nggarai sikel ku kesleo. Teros aku di tuntun karo Mas e Umar nang njero mobil, lah si Umar e wes nang njero mobil gawe ngecas HP. Yo kan Mar ?
Umar                     : Iyo.. Astagfirullah Milea, Ratna awakmu lek gak eroh kedadean sebener e ojo langsung nggawe opini dewe. Opo meneh di gawe gossip malah nggarai duso awakmu, mergakne awakmu podo ae mitnah Cinta seng gak gak. Karo Mas ku pisan..!
Cinta                      : He’em.. wes ngene lho, mene emben lek gossip ojo nggawe berita hoax meneh, ngesakno seng mbok fitnah enthok kerugian saka gossip ngunu kae. Paham po ra?
Milea & Ratna    : Cinta sepurane yo! Awak dhewe gak bakalan ngulangi gossip seng jek opini maneh.
Romeo                 : Aku yo njaok sepuro yo, aku mau yo melok gak percoyo karo awakmu. (karo ngetokne esem manise nang Cinta)
Cinta                      : Oke, tak ngapuro awakmu kabeh rek, tapi janji ojo nggossipno aku maneh yo!
                                Saiki kabeh murid nang kelas podho nduwe kegiatan dhewe-dhewe. Teros ketua kelas mblayu nang kelas, ambi kondo lek geng Bonek arepe nyegat nang gang cidhek sawah e Pak Minto. Wedine ketua kelas engkok ndangan geng Bonek bakalan tawuran neng kono.
Miko                      : He rek rungokno, si geng bonek arep e tawuran nang gang cidhek e sawah e Pak Minto. (karo ngos-ngosan)
Umar                     : Astagfirullah tawuran, iyo ta jare sopo awakmu?
Miko                      : Iku mau aku di critani Adit, jarene geng e kapene nyegat nang kunu pas ngasoh sekolah.
Umar                     : Lha teros piye iki, ojo di njarke bakalan gawat iki engko
Cinta                      : Wes palak celokno Pak Budi ae, geng kuwi lak wedine karo Pak Budi tok se!
Ratna                    : Ayo! aku melu ndelok cah cah tawuran.             
Umar                     : Husss! Koncone arepe tawuran kok malah di delok.
                                Kabeh murid kelas iki podo wedi, lan langsung dhawuh menyang Pak Budi gawe ngelerai cah cah kuwi. Si Miko langsung mblayu sak kenceng-kenceng’e nang Ruang Guru methuk’I Pak Budi.
Miko                      : Pak Budi.. Pak Budi ! (dhawuh karo ngos-ngosan)
Pak Budi               : Lapo toh kowe iki le? Kok mlayu-mlayu, di uber setan ta?
Miko                      : Mboten Pak, niku geng Bonek badhe tawuran ten nggene gang celhak’e sawah e Pak Minto. Jenengan mawon seng saged ngelerai bocah-bocah niku Pak.
Pak Budi               : Sek.. sek Pak Minto kuwi sopo to ? Whealah tambah mbahas Pak Minto (Ngerasa kliru ngomong banjur nggepuk bathuk e karo tangane). Ayo cepetan duduh ono aku panggone le!
Miko                      : Enggeh monggo Pak..
Bu Tini                   : Eh.. eh.. geneya toh cah kok podho ngelumpuk nang kene ?
Milea                     : Niku Bu,anggota geng Bonek badhe tawuran
Bu Tini                   : Heh opo ? (ekspresi Kaget)  ngene lho Pak Bud, gawakno nekeran ae gawe ngendhek’ne geng Bonekkuwi ben gak tawuran. (sarane Bu Tini)
Romeo                 : Loh kok kale nekeran toh Bu ? (takok Romeo kebingungen, mergak’ne dhek’e murid anyar)
Pak Budi               : Iyo bener dawuh e Bu Tini. Geng Bonek kuwi singkatane saka geng Bocah Nekeran, senengane dulinan nekeran ae nang lapangan pas wayah e ngasoh. Senengane tanding karo aku, tapi mesti tak kalahno, makane geng kuwi wedi karo aku. Mogak’ne lek aku menang mesti tak kon nraktir.
Romeo                 : Nopo ? (jare Romeo heran) Bonek niku sanes Bocah Nekad nopo Pak ?
Pak Budi               : Oh duduk le, wes di lanjutno engkok ae heran’e saiki ayo mangkat nang sawah’e Pak Minto. Selak koncoku dulinan nekeran bonyok kabeh ngko..
                Kabeh wong kuwi mau langsung marani geng Bonek seng arep’e tawuran. Termasuk Bu Tini lan konco-koncone sak kelas seng penasaran. Sawentara geng Bonek iki wes siap siap ngelalangi dalan.
Pak Budi               : Wes hop.. hop.. le ! ojo tawuran ayo mbalek tak jak nekeran, masio aku menang gak tak kon nraktir aku wes.. (bujuk Pak Budi)
Bu Tini                   : Iyo le, iki lho tak tukokno nekeran sak kresek. Tapi lerenono tawuranmu ndisek !
Joni                        : Whealah, nyapo toh Pak, Bu. Kulo niki mboten badhe tawuran.
Miko                                      : Loh lha jare Adit, awakmu kabeh kapene nyegat nang gang cidhek e sawah e Pak Minto.
Adit                        : Ngene lho Ko, awak e iki di utus karo Pak Bambang, di kon nyegati bebek-bebek’e. Ben ora ngerusak’ne tandurane Pak Minto. Lumayan di buruh’i 10 ewu ben arek, kenek gawe ngopi.
Jono                      : Masio rai-raine awak dhewe Brandalan, tapi awak dhewe anti Tawuran. Luwih seneng dulinan Nekeran, masio teros di kon ngethok’ne Traktiran. (gawe nyindir alus Pak Budi pisan)
Pak Budi               : Kowe ra sah nyindir aku Jon ! wes ayo kabeh podo mbalek nang sekolahan. Grakkk…! (bentak Pak Budi , langsung kabeh podo mlayu mbalek nang sekolahan).
               
CEKAP SAK MENTEN DRAMA BASA JAWI NIKI, MUGO – MUGO KASIL MANFAAT’E
MATUR NUWUN

JJJ

Komentar